Pawartos


Materi Pokok : Pawartos

Pawartos inggih menika prastawa utawi kedadosan ingkang nembe dumados wonten ing sawijining papan panggenan ingkang taksih dados rumaosing tiyang kathah.

§      Unsur-unsur Pawartos
5W + 1H (what, who, when, where, why, + how)
  1. What    = menapa,
  2. Who     = sinten,
  3. When   = kapan,
  4. Where  = wonten pundi,
  5. Why    = kenging menapa,
  6. How    = kados pundi.
§      Sifat Pawartos
1)      Aktual
2)      Faktual = Objektif
3)      Cekak aos
4)      Narik kawigaten
5)      Jangkep

§       Nilai Pawartos
  1. Aktualitas
  2. Gayut kaliyan papan kedadosan
  3. Gayut kaliyan unsur-unsur ing saklebeting kedadosan
  4. Gayut kaliyan pedamelan pamaos/pamiarsa
  5. Jangkeping pawartos
  6. Luar biasa: boten limrah (unik/aneh), janggal, gedhe,
  7. Jarak: familiaritas, kedekatan (geografis, psikologis, kultural)

§  Jinis Pawartos
a)      Straight News (Pawartos langsung)
b)      Depth News (Pawartos mendalam) : Nilai, Fakta, Data, & Dampak
c)      Investigation News : paneliten/penyelidikan
d)     Interpretative News
e)      Opini News (Pawartos opini)

§  Perangan Pawartos
  1. Irah-irahan (head)
  2. Baris tengah (dateline)
  3. Teras pawartos (lead)
  4. Wos pawartos (body)

§       Contoh Pawartos

“Udan Angin, Puluhan Wit Ambruk”

Jawah dipunmaweni angin kencang ingkang nempuh hampir sedaya Kabupaten/ Kitha ing DIY ngakibataken macem-macem bencana, ing antawisipun yaiku wit ambruk ingkang kathah kedadosan ing Kabupaten Sleman, Dina Kamis sonten tanggal 5 Januari 2017 .

Kepala Posko Lapangan ing Balai Dhusun Sumberadi, Kecamatan Mlati, Mayor Infantri Yacobus Totok Artono ngginemaken menawi dampak saking jawah angin kesebat yaiku 67 wit ambruk, 78 griya terdampak, 4 titik jaringan PLN risak, uga fasilitas umum wujud gedung PAUD uga MTS kembrukan wit.
           
"Griya ingkang risak yaiku 45 omah ing Kecamatan Mlati uga 22 unit ing Kecamatan Seyegan," tuture Totok, Jum’at (6/1/2017).
Kedadosan kasebat kedadean ing sonten dinten menjelang dalu, mila upaya ingkang saget  piyambakipun tumindakake yaiku kaliyan numindakake pendataan lapangan.
Salajengipun, saking rapat kewates kaliyan BPBD DIY kersa MUSPIKA Kecamatan, diputusaken pengerahan relawan datheng lapangan dipunwontenaken ket Jum’at (6/1/2017) enjang ngantos sonten.
            "Akhiripun, dinten niki (Jum’at) makempal 291 relawan saking Kecamatan Mlati. Tindakan ingkang dipuntumindakake skala prioritas enten ing griya warga ingkang terdampak lajeng uga akses radin ingkang ketutup wit," ngendikan Totok.
            Ngantos Jum’at siyang, Totok nyabaraken menawi mboten enten laporan korban jiwa inggil kedadosan kesebat. Saleresipun, jawah angin ingkang ngakibataken wit ambruk kedadosan saben taun.


Sumber :http://pawartabahasajawa.blogspot.com/2017/01/berita-bahasa-jawa-2017-bencana-alam.html



Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Uyon-Uyon / Gamelan

Cerkak (Cerita Cekak)

SESORAH