SESORAH
MATERI POKOK : SESORAH
- Pangerten :
Sesorah yaiku salah satunggaling
kaprigelan micara ing sangarepe wong akeh kanggo ngandharake pemanggih utawi
ide.
- Bab-Bab kang Perlu Digatekake Nalika Sesorah :
1. Busana
(Ageman)
Anggenipun
ngadi busana kajumbuhan kaliyan kaperluwan, wonten ing adicara menapa ingkang
badhe dipunayahi.
2. Subasita
(Trapsila, Tata Krami)
Solah
bawa sampun ngantos kadamel-damel, prayogi ingkang prasaja kemawon, anteng,
manteb, nanging mboten kaken.
3. Swara
(Vokal, Basa Populer)
Kedaling
lisan kedah cetha, sampun ngantos kesesa, nanging ugi sampun ngantos nglentreh
sanget.
4. Basa
tuwin Sastra
Basa
ingkang kaginakaken kedah miturut tuntunaning sastra ingkang leres.
- Rantamaning Sesorah :
1. Salam
Pambuka
2. Purwaka,
yaiku ucapan syukur marang Gusti saha atur panuwun marang para rawuh
3. Isi/
wos sesorah, yaiku uderaning bab ingkang dipunwedharaken
4. Dudutan
(simpulan), yaiku inti sarining wedharan
5. Wasana,
yaiku atur panuwun saha atur nyuwun pangaksami anggenipun nindakaken jejibahan.
- Metode-Metode Sesorah :
1. Metode Apalan, sesorah cara menika saderengipun
sampun damel seratan sesorah lajeng dipunapalaken.
2. Metode Naskah utawi Teks, cara menika juru
pamedhar sabda saestu bekta naskah, teks, utawi catetan sesorah.
3. Metode Dadakan utawi Impromtu, cara menika pidhato
boten kanyana-nyana saderengipun menawi badhe dipunaturi sesorah utawi ndadak
ing adicara menika lajeng dipunaturi sesorah.
4. Metode Eksemporan, yaiku cara juru pamedhar sabda
ngasta utawi damel catethan alit kanggo sesorah.
- Jinis-Jinising Sesorah :
1.
Sesorah miturut ancase (tujuan) :
ü Menehi
informasi / pemanggih.
ü Menehi
panglipur.
ü Kanggo
pangajak-ajak.
2.
Miturut kahanane sesorah :
ü Sesorah
resmi.
ü Sesorah
setengah resmi.
ü Sesorah
ora resmi.
3.
Miturut pendekatan isine sesorah :
ü Sesorah
intelektual.
ü Sesorah
moral.
- Contoh Sesorah :
Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni,
Bapak saha Ibu dwija ingkang satuhu
kinurmatan, para rawuh ingkang sinuba ing karaharjan dalasan rayi kula kelas X
saha XI saha kanca-kanca kelas XII ingkang kula tresnani.
Puji syukur
tansah konjuk wonten ngarsanipun dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring
kanugrahan ingkang tanpa kendhat awujud kasarasan, rahmat saha hidayah
dhumateng kula panjenengan sami. Pramila awit saking sih nugrahaning Gusti
ingkang hakarya jagat kula panjenengan sami ing wekdal menika saged kempal
saperlu hangrawuhi adicara ing kalenggahan menika kanthi wilujeng nir ing
sambekala.
Kadang kula kelas X saha XI ingkang kula tresnani,
sekedhap malih kula sakanca kelas XII badhe nilaraken pawiyatan ing SMA Buana
menika. Awit saking menika mbok bilih sadangunipun kula sesrawungan kaliyan
sedherek sedaya wonten kalepatan saha kekhilafan ingkang sengaja punapa boten
kasengaja kula minangka sulihipun kanca-kanca nyuwun agunging pangapunten.
Wonten mriki kula paring pepeling dhateng rayi-rayi
kula sedaya mugi – mugi sasampunipun kula sakanca medal saking pawiyatan mriki
rayi kula kelas X saha XI sageda dados
siswa – siswi ingkang tansah mbangun
turut dhumateng Bapak saha Ibu dwija saha dados siswa ingkang pinter saha
kreatif.
Rayi kula kelas X saha XI ingkang kula tresnani,
kula tansah dedonga saha memuji mugi – mugi rayi kula ingkang taksih wonten ing
pawiyatan mriki tansah pinaringan pangayomanipun Allah SWT saha semanten ugi
kula nyuwun donga saha pangestu dhumateng para rayi kula mugi – mugi kula saged
nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil, wondene ingkang
badhe nyambut damel sageda tumunten pikantuk padamelan ingkang trep kaliyan
ngelmi saha kesagedanipun piyambak – piyambak.
Wasana, semanten atur kula minangka sesulih saking
kanca-kanca kelas XII sedaya, mbok bilih
anggen kula matur wonten kalepatan, kula tansah nyuwun samodra pangaksami.
Wassalammu'allaikum Wr. Wb.
Sumber
: LKS Basa Jawa Kelas XI SMA/MA/SMK
{http://irwantoadi926.blogspot.co.id/2016/01/pangerten-sesorah-metode-jinis-jinis.html?m=1}
{http://ohbaru.blogspot.co.id/2014/07/kumpulancontohsesorahpidatobahasajawa.html?m=1}
Komentar
Posting Komentar