Uyon-Uyon / Gamelan


MATERI POKOK : UYON-UYON

Ø  Kasusatran Kang Tinemu Ing Gendhing :

1.      Cakepan, yaiku syair/ tetembungan kang dienggo ing tembang.

2.      Cengkok, yaiku lak-luking swara kanggo nglagokake tembang.

3.      Gendhing, yaiku lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan

4.      Gamelan, yaiku piranti karawitan kanggo ngiringi tembang.

5.      Laras, yaiku rasa thingthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.

6.      Titi laras, yaiku angka minangka gantine laras.

7.      Pathet, yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.

8.      Pedhotan, yaiku pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.

9.      Senggakan, yaiku unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing.

10.  Swarawati, yaiku waranggana, pesindhen, penyanyi putri.

11.  Wiraswara, yaiku penyanyi kakung.

12.  Gerong, yaiku tembang kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara.

13.  Sindhenan, yaiku tetembangan kang dilagokake dening pesindhen binarung swaraning gamelan.

14.  Irama, yaiku ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan.

15.  Bawa, yaiku tembang ingkang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.

16.  Buka, yaiku tetabuhan utawa swara kanggo bukani gendhing.

17.  Blimbingan, yaiku wujud wilahan gender, slenthem, demung, saron, peking sing tengahe nganggo lingiran.

18.  Niyaga, yaiku paraga kang ngayahi nabuh gangsa.

19.  Paniti, yaiku paraga kang kajibah mranata tata rakiting gangsa ing panggungan lan ngupakawis gangsa.

20.  Karawitan, yaiku gumelaring gangsa saprabote, saged wujud pagelaran mandhiri utawa kangge ngiringi pagelaran liyane.

21.  Waranggana, yaiku wanita ingkang ngrengga karawitan kanthi tetembangan.

22.  Saprangkat, yaiku gangsa jangkep, laras Slendro lan Pelog.

23.  Sapangkon, yaiku namung laras Slendro utawi Pelog kemawon.

24.  Cokekan, yaiku pagelaran karawitan kang ricikanipun Gender, Slenthem. Kendhang Batangan, Siter, Gong kemodhong.

25.  Alusan, yaiku Gender, Gambang, Rebab, Siter, Suling.

26.  Balungan, yaiku Demung, Saron, Peking.

Ø  Kawruh Budaya Gamelan Karawitan

Gamelan Jawa iku jinis utawa corak gamelan sing urip ing Jawa Tengah (uga Yogyakarta) lan sebagéyan Jawa Wetan. Musik gamelan Jawa iki béda karo musik gamelan saka laladan liya, yèn musik gamelan Jawa lumrahé nduwé nada luwih lembut lan nganggo laya luwih alon, béda karo musik gamelan Bali sing layane luwih cepet, uga gamelan Sundha sing rasa musiké "nglaras" banget (mendayu-dayu) lan didhominasi swara suling. Gamelan Jawa iku nduwé nada-nada péntatonis.

Gamelan Jawa iku nduwèni 2 laras yaiku:

Laras Sléndro kang nduwèni urutan nada-nada 1 2 3 5 6

Laras Pélog kang nduwèni urutan nada-nada' 1 2 3 4 5 6 7

Laras inggih punika swara kang ajeg dhuwure, ora obah. Titi laras inggih punika notasi nada kang ditulis manut sistemnada laras lan pathete. Dene pathet inggih punika ukuran cendhek-dhuwuring laras. Pathet ing laras slendro iku antane, pathet Nem (6), pathet Sanga (9), lan pathet Manyura (Myr). Dene pathet laras pelog inggih punika, pathet Lima (5), pathet Nem (6), lan pathet Barang (Br).

Laras slendro : pathet Nem 62 (6532) , tangga nadhane ( 2 3 5 6 1 2 ) , pathet Sanga 2 5 ( 2 1 6 5 ) tangga nadhane ( 5 6 1 2 3 5 ) , pathet Manyura 36 (3  2 1 6 ) , tangga nadhane ( 6 1 2 3 5 6 )

Laras pelog : pathet Lima tangga nadhane ( 5 6 1 2 4 5 ), pathet Nem tangga nadhane ( 2 3 5 6 1 2 ), lan pathet Barang tangga nadhane ( 6 7 2 3 5 6 ).

Gamelan Jawa nduwé aturan-aturan sing wis pakem, antarané katata saka pirang-pirang rambahan (puteran) lan pathet utawa jero cethèking swara, uga ana aturan sampak utawa cepet-rendheté laku sing wis pakem, uga ana batesan-batesan gongan lan mèlodiné wis diatur ning bagèyan-bagèyan sing saben-saben ketata saka 4 nada (gatra). Saben-saben piranti nduwé fungsi dhéwé-dhéwé, sing nuntun swara ya iku rebab, sing nuntun irama diarani kendhang. Arané pemain sing nabuh gamelan iku pengrawit, penayagan utawa nayagautawa wiyoga, sing nembang priya arane wira-swara, sing wanita arané pesindèn utawa swarawati.

Ricikan gamelan miturut wujud, bahan, cara nabuh gamelan :                                                    

1. Wujud Tebokan

Ricikan gamelan ingkang wujud tebokan kayadene Bedhug, Kendhang, Ketipung, Tambur. Cara nabuh dithuthuk (bedhug,tambur) dikebuk/ keplak/ tabok (kendhang).

Ø  Kendhang

Kendhang iku salah sijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhèrn, piranti iki digolongaké piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu sing wujudé mèmper huruf Y. Kendhang ing musik gamelan fungsiné kanggo mimpin lan ngarahaké musik. Kendhang nduwèni jinis lan ukuran kang werna-werna. Ukurané kendhang antarané 20 cm nganti 45 cm. Kendhang bentuké kaya drum lan dimainaké kanthi cara ditabuh.Wujudé mèh silindher, simetris, ing salah siji sisih rada gedhé tinimbang sisih lawané. Bagéyan sing luwih gedhé umumé disèlèhaké ing tengening panabuh. Kendhang iki ukurané luwih cilik tinimbang bedhug.Piranti gamelan iki fungsiné kanggo ngatur irama utamané yèn arep ngowahi irama uga kanggo ngatur tempo musik supaya ajeg. Kendhang uga sok kanggo tengeran babak-babak ing reroncèn musik gamelan lan ing pérangan akir utawa panutup swara suwukan.

Ana 4 jinis kendhang sing umum dienggo ing gamelan yaiku: (urutan saka sing paling gedhé ukurané)

·       Kendhang gendhing utawa kendhang ageng, kendhang sing paling gedhe ukurane lan nduwé nadha swara paling cendhèk

·    Kendhang wayangan utawa kendhang sabet/kosek, kendhang sing nduwe ukuran sedheng, luwih cilik sithik dibanding kendhang ageng ning luwih gedhe sithik dibanding ciblon.

·    Kendhang batangan utawa ciblon, kendhang sing ukurane sedheng, luwih cilik sithik dibanding kendhang ageng lan kendhang sabet.

·    Kendhang ketipung utawa ketipung, kendhang sing paling cilik dhewe lan nduwé nadha swara paling dhuwur




  2. Wujud Wilahan

Gamelan sing wujude wilahan inggih punika Gender, Slenthem, Gambang, Demung, Saron, Peking. Carane nabuh dithuthuk.

Ø  Gender

Gendèr iku salah siji piranti gamelan Jawa. Gendèr ing gamelan sléndro nduwèni 11-12 wilah sing tipis lan digawé saka logam, menawa ana ing gamelan pélog nduwèni 12-13 wilah, nanging ana uga gendèr sing mung nduwèni 7 wilah. Tabuh gender sinebat bendha.

Jinise gender kaperang dadi 2, yaiku :

ü  Gendèr barung, nduwèni wilah logam utawa métal sing ukurané sedhengan lan titi nadhané saoktaf luwih cilik ketimbang gendèr penerus.

ü  Gendèr penerus, nduwèni wilah sing paling cilik lan titi nadhané saoktaf luwih dhuwur ketimbang gendèr barung.


Ø  Slenthem

Wujud slenthem iki meh padha karo gendér. Ananging gedhe wilahé luwih gedhe tinimbang gendér. Slenthem ngasilake swara alus katimbang saron.


Ø  Gambang

Wujud gambang iki amèh padha saron ning luwih gede lan wilahe digawe saka kayu sing atos banget. Ukuran wilah gambang antara 29 Cm nganti 58 Cm, sing ukurane luwih gede iku nduwe nada swara luwih rendah, kabeh cacahe ana 19 utawa 20 wilah. Tabuh gambang luwih dawa tinimbang piranti tabuh gamelan liyane yaiku kira-kira 35cm.


Ø  Saron Demung

Saron jinis iki paling gedhé ukuranè. Ana 2 jinis saron demung yaiku pelog demung lan slendro demung. 2 jinis piranti panerus iki ndhuwe laras beda-beda. Saron demung ndhuwé swara paling rendah ing kelompok saron.


Ø  Saron Barung

Saron jinis iki ukurane tengah-tengah. Ana 2 jinis saron barung yaiku pelog barung lan slendro barung. Saron barung nduwe swara luwih dhuwur se oktaf dibanding saron demung.


Ø  Peking

Peking (saron panerus) iki jinis saron sing paling cilik saka bentuk balungan liyané yaiku saron lan demung. Ana 2 jinis saron panerus yaiku pelog panerus lan slendro panerus. Saron panerus nduwé swara luwih dhuwur sak oktaf dibandingaké karo saron barung. Cara nabuh saron panerus kuwi béda karo carané nabuh saron lan demung, yaiku tikel loro saka tabuhan saron lan demung.


3. Wujud Wilahan Pencon

Gamelan wujud iki inggih punika Slentho, Gong Kemodhong, Kecer. Cara nabuhe dithuthuk.

Ø  Kecer

Kecer inggih punika perangkat gamelan ditangkubake ing pasangane. Kecer iku biasane ditabuh kanggo ngiringi lelagon dolanan ing pagelaran karawitan.




4. Wujud Pencon

Gamelang sing wujude pencon inggih punika Bonang, Kethuk, Kenong, Kempyang, Kempul, Suwukan, Gong. Cara nabuh dithuthuk, jagur.

Ø  Bonang Barung

Bonang Barung yaiku salah sawijiné bageyan perangkat Gamelan Jawa kang duwèni bentuk pencu banjur diarani bentuk Pencon. Bonang Barung ing Gamelan Jawa duwé laras Sléndro lan Pélog. Laras Sléndro wilahé ana 12 cacahé, banjur kang Laras Pélog wilahé ana 14 cacahé. Bonang Barung kuwi gunané kanggo mbukani Gendhing. Sakliyané kuwi, Bonang Barung uga bisa kanggo nuntun alur Gendhing.


Ø  Bonang Panerus

Kang mbédakaké antarané Bonang panerus lan Bonang barung yaiku ukuran gedhé lan ciliké pencon, yèn Bonang penerus kuwi penconé cilik banjur yèn barung kuwi luwih gedhé saka Bonang panerus. Piranti kang dinggo nabuh uga padha karo Bonang barung, yaiku kayu kang cacahé loro kang pucuké diblebet ngaggo kain lan Pluntur.


Ø  Kethuk lan Kempyang

Kethuk lan kempyang yaiku perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Rancakan kethuk-kempyang iku luwih cendhek dibanding kenong.



Ø  Kenong

Ing kelompok perangkat gamelan tabuhan iki, swara kenong iku paling dhuwur lan luwih cilik dadi rada kewalik karo wujude sing gedhe. Swarane luwih ketara merga nduwe timbre sing rada unik.


Ø  Kempul

Bentuké kaya gong nanging ukuran luwih cilik, rainé rata lan bagian tengah ana pêncuné, ukuran diameter umum kira-kira 45 cm. Kempul ngasilake swara sing luwih dhuwur tinimbang gong, kempul sing ukurane luwih cilik swarane luwih dhuwur maneh.


Ø  Gong

Wujudé bunder, gedhé, rada cekung, kanthi garis tengah 1 méter, lan permukaané rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah. Gong nduwé swara sing gedhé dhéwé lan nadhané paling asor tinimbang nadha piranti gamelan liyané.


5. Wujud Kawatan

Gamelan sing wujude kawatan inggih punika Rebab, Siter, celempung. Cara nabuh Rebab digesek, dene siter lan celempung dipethik/ cuwik.

Ø  Rebab

Rebab iku gunane kanggo murba lagu, gawe variasi lagu, lan uga kanggo mbukani gendhing.


Ø  Siter

Siter iku piranti gamelan sing dipetik kaya gitar. Cacah senare ana 11 pasang utawa kadang 12 pasang.


Ø  Celempung

Piranti gamelan kang cara nabuhe dipethik padha karo siter. Cacah senare ana 11 lan 13 pasang.


6. Wujud Pipa

Gamelan sing wujude pipa inggih punika suling.

Ø  Suling

Suling iku salah siji piranti musik sing disebul. Fungsiné kanggo nambah swara-swara ing melodi.

Sumber : LKS Basa Jawa Kelas XI SMA/MA/SMK

{https://jv.m.wikipedia.org/wiki/Gamelan_Jawa}
{http://marienthahera.blogspot.co.id/2013/12/gamelan.html?m=1}


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cerkak (Cerita Cekak)

SESORAH